03/12/14

Tes Wawancara Kerja Ternyata Susah Ya


pic source

Ahaiii, aku nongol lagi ya.. Di bulan Desember yang notabene dingin ini, kita pasti butuh yang anget anget alias kehangatan *apasih*

Ini aku kasih cerita ya. Semoga bermanfaat bagi yang mau melalui wawancara kerja..

G : Kowe nduwe omah opo ora.....?
a : dereng....
G : Wah kowe ora iso ketompo nang kene
a : Lho kok ngaten........?
G : Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan.
a : Ah.. mboten kok, Sak janipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih.
G : Yo malah ora ketompo
a : Lho kok ngaten.....?
G : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong wae, catting terus
G : Kowe nduwe motor opo ora....?
a : Mboten.
G : Ora ketompo
a : Lho kok mboten ketompo ?
G : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
a : Sak janipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo beto ngriki.
G : Wah malah ra ketompo....
a : lho kok ngoten
G : Tempat parkire wis ra cukup.
G : Kowé wis lulus sarjana tenan.....?
a : sampun pak....
G : Ora ketompo, kéné iki golék sing SMA aé, luwih manutan lan bén mbayaré murah
a : Sak janipun kulo tasih badhe skripsi
G : Malah ora ketompo.....
a : Lho kados pundi to....?
G : Mengko kowé kerjo mung ngetik skripsi, lék wis lulus mesti golék kerjo neng perusahaan liyo.
G : Kowé seneng guyon opo ora ?
a : Mboten pak, kulo serius nék nyambut gawé.
G: Ra ketompo.....
a : waa......kok ngoten?
G : Engko konco koncomu lan anak buahmu podho stress.
a : Sak jané nggih sekedhik sekedhik seneng guyon.
G: Malah ora ketompo.
a : Lho kok......
G: Engko kowé mung gaweane update status sing lucu.......
G : Kowé mau mréné numpak opo ?
a : Nitih mobil
G : Kowé ora ketompo
a : Sebabipun ?
G : Saiki BBM mundhak terus, mengko kowé njaluk mundhak bayar terus
a : Wo, kulo wau namung nunut, kok
G : Tambah ora ketompo
a : Lho, lha kok ... ?
G : Mengko mung gawéné nunut mobil kantor. Ngrusuhi!
G : Anakmu akèh opo sithik ?
a : Kathah pak
G : Kowé ora ketompo
a : Sebabipun ?
G : Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanaaaaaak terus
a : Lha wong namung anak adopsi, kok.
G : Tambah ora ketompo
a : Lho, lha kok ... ?
G : Gawé anak baé aras2en, opo manèh nyambut gawé
G : Kowé wis ngerti gawéyanmu durung ?
a : Dèrèng
G : Kowé ora ketompo
a : Sebabipun ?
G : Arep nyambut gawé kok ora ngerti gaweyané ?
a : Oo, nèk damelan niku mpun ngertos kok
G : Tambah ora ketompo
a : Lho, lha kok ... ?
G : Kowé rak mung arep keminter, to ?
G : Kowe ngerti kahanan kantor kéné durung
a : Dèrèng
G : Kowé ora ketompo
a : Sebabipun ?
G : Arep nyambut gawé kok ora ngerti kantoré ?
a : Wo, sekedhik2 sampun ngertos kok
G : Tambah ora ketompo
a : Lho, lha kok ... ?
G : Kowé senengané ngudhal-udhal wewadi kantor, to ?
G : Kowé kerep loro ?
a : Mboten
G : Kowé ora ketompo
a : Sebabipun ?
G : Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering
a : Wah, sakjanipun nggih asring
G : Tambah ora ketompo
a : Lho, lha kok ... ?
G : Kantor iki ora nompo karyawan pileren.
G : Kowé biso main Internét ?
a : mBoten
G : Kowé ora ketompo
a : Sebabipun ?
G : Perusahaan ora nompo BI(Buta Internet)
a : Wah, sakjanipun nggih saged
G : Tambah ora ketompo
a : Lho, lha kok ... ?
G : Mesthi ora bakal nyambut gawé, kakèhan dolanan Internet, to? Ngenték- entekké pulsa
G : Kowe waras opo ora?
a : Lha, kulo nggih waras to Pak.
G : Ra ketompo.......
a : Kenging nopo .....?
G : Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.
a : Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.
G : Malah ra ketompo......
a : Pripun to niki....?
G : Mengko aku duwe saingan.........


Naitu, sekian apa ya, tips mungkin ya, tentang wawancara kerja.
Hihihi. 'Bermanfaat' banget kan.
Semoga iya deh.
Bermanfaat buat bikin ketawa dan hangat badan. ;)

psstt, itu copas status misua yang udah dari jaman purba, jangan bilang- bilang ya.. :D

Share to

Facebook Google+ Twitter Digg

0 komentar:

 

Delicious Cupcakes Copyright © 2009 Designed by Ipietoon Blogger Template In collaboration with fifa
and web hosting